Selasa, 20 Desember 2016

GEGURITAN

                                                  NGOLAH RASA


Ening . . .
Ing antarane godhong-godhong
Kang obah katerak sumilire
Angin sing kanthi alon-alon   
Bebisik saranduning urip
 
Enengke cipta
Sawuse lakune raga
Ngeling-eling kanti wening
Sadawane dina sing kebacut kagawa

Kaseksen rembulan abang
Ing duwure wit klapa



Batinku miyak obahe wektu
Ngetung lakon lan panandang

Ndak rasa ing jiwa
Miyak grumbule ati
Kanggo nglari ing tembe buri
Supaya tan kena pati sejati

Tangan ngapurancang
Luh tumetes ing pipi
Nggetuni solah bawa
Kang kurang trapsila


“ Duh Gusti kang maha kuasa
Lumuntura sih pangapura
Dumateng kula menika
Engkang kebak dosa landuraka”









1 komentar: