Tumetesing waspa dumlewer ing pangrasanku
Nglenthiring pandulu ginambar ing netraku
Ancluming prauan kawistara ing pasuryanku
Leleg trenyuh ginawa ing panggalihku
Amersani jaman siki
Tumpraping polah tingkahing putra lan putri
Kang wis ninggalake subasita
Nerak angger-anggering budaya
Lali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nistha
Yen isih ngugemi pranatan budaya bangsa
Sanandyan jaman wis maju
Aja banjur dadi kleru
Crita leluhur ginubah sawiyah-wiyah
Busana owah samesthine
Tetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka asline
Apa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?
Apa budaya kita wis ora ana ajine?
Apa budaya kita wis kedaluwarsa?
Apa budaya kita wis luntur?
Pemuda pemudi jaman saiki
Unggah ungguh basa wis dilirwakake
Tata krama wis ditinggalna
Tata wicara wis ninggalake subasita
Apa sing salah sekolah?
Apa sing salah bapak ibu?
Apa kabeh salah?
Nyatane budaya bnagsa wis ditinggalake
Wis arep luntur amerga polahe kita dhewe
Blognya membantu banget kak untuk belajar bahasa jawa, tambahin content arti arti bahasa jawa dong ka, ka ada waktu untuk meet gak ? soalnya aku tertarik banget buat belajar bahasa jawa nih
BalasHapusmatur suwun kaka
HapusWidiwww.. Apik tenan sist :3
BalasHapusmatur suwun kaka
HapusNggih sist :3
Hapus