Selasa, 20 Desember 2016

GEGURITAN

                                     NGAPURO


Mripatku kethap-kethip nyawang langit saka pinggir tendha

Lintang kang mung siji loro ora bisa gawe padhange wengi kang sepi

Gusti, amemuji sedaya naming kagem Panjenengan

Mugi paring paduko padhange margi



Nyawang clemloroting lampu seko nduwur gunung

Ngerasa awakku cilik temenan

Atiku ciut, kroso awakku digebyuri dosa

Atiku arep nangis koyo diiris-iris



Ngapuro Gusti…

Ngapuro…
Dalem namung tiyang kang lemah..

Kang boten saged mlampah piyambak..

Gusti..

Dalem namung tiyang ingkang gampil gripil..

Tansah kegoda kesenengan donya..

Gusti..

Hamung siji panyuwunku..

Tuntun dalem wonten ing margi kang padhang gusti..











Tidak ada komentar:

Posting Komentar