Ibu . . .
Tresna asihmuOra ana kang bisa ngganteke
Kesabaran ibu kang kebak wutuh
Ora bisa daklaleke
Do’a ibu kang tulus
Tansah ngiringi awakku
Pengorbanan kang tanpa wates, ora bisa winales
Ibu . . .
Pituturmu bakal dakrungu
Tresna asihmu marang aku , ora bakal puput
Pandongaku ibu…
Muga Gusti tansah nyembadani
Ibu . . .
Lumintiring asihmu kadya cahya lintang ing angkasa,gumebyar gawe padhanging tyasmu…
Tan kendhat pudyamu,pepujimu kanggo aku
Lir pradipta rumeksa ing wengi,rinenggo pupus’ing rembulan
Ibu . . .
Kang kinasih kawelasanmu nyirna'ake sadhaya luptaku
Ibu . . .
Sewu atur ora bakal cukup,bandha donya ora bakal nutup katresnanmu marang aku
Ibu . . .
Aku bakal sregep lelaku,ngudi laku utomo,nyebar tresna marang sapadha,kanggo esem’mu kang ngebaki kalbuku
Tidak ada komentar:
Posting Komentar