Kamis, 15 Desember 2016

GEGURITAN

  PIWULANG


Jare simbah kula kudu sekolah
Kareben dadi bocah genah mrenah ora nggladrah

Jare rama ibu kula kudu sregep mangkat
Kareben dadi wong pangkat urip ora kesrakat mlarat

Jare bapak ibu guru kula kudu sinau tambah ilmu
Kareben kelakon kabeh kang tinuju



Nanging Prakanca,
Coba delengen kahanan nyata
Apa isih bisa pamulangan kang ana dadekake urip tumata
Pamulangan kang tanpa tuladha
Pamulangan kang kasatan piwulang
Pamulangan kang ngajarake angka-angka wuta siji lan siji ana pira?
Jare anut kang duwe kersa
Jan ora weruh subasita, trapsila, apa maneh tata krama lali dosa…
Kabeh lurung binarung kumalungkung pamrih pamuji siji
Pamulangan aweh pepadang


Simbah, Nyuwun pangapunten
Kula mboten kepingin dados dokter
Jalaran duite bapak mboten wonten sakoper

Rama, Nyadong duka
Kulo mboten kapilut drajat pangkat
Jalaran ajrih sumpahing rakyat
Kang panggah mlarat sekarat

Bapak ibu guru, Nyuwun donga pangestu
Mugi-mugi sedaya ilmu saged dados sangu














1 komentar: